Cerpen Bahasa Jawa Roman Sacuwil
Rianti lan Raka
Rianti salah sawijining siswa ing SMA Nusantara 1. Sifaté isih padha karo mbiyen, mula dheweke dadi bocah sing kalem lan pinter. Rianti nduwe tekad yaiku dheweke luwih mentingno sinau lan ora bakal pacaran. Dheweke pancen tresna karo salah sawijing arek ganteng lan Rianti wis tau caket karo dheweke. Dheweke jenenge Wira. Nanging mung nem wulan, Rianti milih ninggalake Wira. Dheweke pancen ora seneng karo wong lanang sing cedhak karo kabeh wanita. Sanajan katresnan nanging ora setya iku muspra. Rianti isih ketemu tanpa nyapa marang Wira amarga sekolah ing SMA sing padha. Rianti milih balik menyang tekad e, dheweke kudu sregep sinau supaya bisa dadi siswa sing luwih pinter. Kabeh tugas sing diwenehake coba bakal ditindakake kanthi temenan.
Ing sawijining dina, ana tugas klompok sing diwenehake dening gurune. Rianti saklompok karo kanca ing macem-macem kelas lan uga ana sing sakelas karo dheweke, mesthine Rianti durung weroh jeneng kanca sing beda kelas karo dheweke. Rianti lagi maca buku ing kelas. Banjur ana arek lanang sing nyeluk jenenge ing ngarep kelas. Rianti ndeleng lan nyedhaki dheweke.
"Sampeyan iki sapa?"
"Aku Raka. Aku iki kanca karo klompokmu, Ri."
"Oh, dadi sampeyan sing jenenge Raka."
"Kapan kita nindakake tugas? "
"Mengko, aku isih maca buku. Yen wis rampung, aku bakal marani sampeyan." "Ya, aku ngenteni ing kelasku, Kelas 10 ipa 1"
Aku nerusake kagiyatan lan Raka bali menyang kelase. Miturut Rianti, ana perkara sing beda antarane Raka karo arek lanang liyane. Sawise rampung maca buku kasebut, dheweke marani Raka ing kelase. Pranyata Raka isih nggarap tugas liyane. Pungkasane dheweke ngenteni ing sandhinge.
"Ayo, Raka, aja suwe-suwe. Wektune wes arepe sholat Jumuwah"
"Ya, entenana sedhela, aku isih kurang sithik nggarap e."
Kadhangkala mripate Rianti nggatekake Raka. Dheweke nyoba nemokake apa sing beda karo Raka, nanging ora nemu.
"Ayo, aku wis rampung nggarap tugasku."
"Kita ngumpulake anggota liyane dhisik, sawise iku mbahas tugas kasebut"
"Ya wes, ayo "
Kita kumpul karo anggota liyane lan wiwit ngrembug babagan tugas. Diskusi durung rampung, nanging wis krungu adan sholat jumuwah. Banjur Rianti dhawuh para kanca lanang supaya sholat Jumuwah. Raka meneng lan ora langsung sholat ing mesjid. Rianti rada pegel ndeleng Raka kaya-kaya ora ngrungokake dheweke. Dheweke ngelingake Raka maneh, Raka bingung arep ngomong apa. Banjur Raka mangsuli yen dheweke iku agama liyane, Raka agama Kristen. Rianti kaget krungu Raka mangsuli kaya ngunu. Dheweke njaluk ngapura amarga meksa ngongkon sholat déné Raka dudu Muslim. Raka ora ngamuk lan biyasa-biyasa wae.
Sawetara wektu , diskusi wis rampung lan bakal diterusake sesuk esuk. Jam sanga esuk Rianti wis tekan sekolah, ketoke Raka lan kanca-kancane ngenteni. Kepengine dina iki kita bakal nggawe proposal kanggo kegiatan kasebut, nanging kita isih ora bisa nggawe. Kita ngrembug babagan carane tugas iki bisa ditindakake kanthi becik lan mulai ngetrapake tugas kasebut. Kita uga milih ketua lan wakil ing klompok kasebut. Raka dadi ketua lan Rianti dadi wakil. Raka ngongkon kerja kelompok sesuk, sesuk kita bakal nggawe proposal. Rianti sarujuk karo Raka.
Esuke Rianti rawuh ing sekolah, nanging ora ana siji-sijia ing kanca klompoke. Banjur Raka teka, Rianti marani Raka.
"Mung kita sing iso klompokan?"
"Ya. Ing endi kita bakal nggarap proposal?"
"Ing kursi ngarep UKS wae"
Raka lan Rianti lungguh ing kono banjur Raka ngetokake laptop saka tas. Kita miwiti nyusun proposal kegiatan. Raka nggawa jajan lan dipangan bareng karo Riyanti. Raka kadang-kadang menehi guyonan kang marahi Rianti nesu karo dheweke. Nggarap proposal wis mari, dheweke bakal mulih. Rianti mulih numpak bis. Sanajan dheweke kudu ngenteni 2 jam. Raka nawakake ngeterno Rianti mulih. Pungkasane, Rianti nampa tawaran kasebut. Ing dalan Raka krasa luwe, banjur ngajak Rianti mandheg ing warung sega pecel. Rianti gemeter banget diajak Raka nanging dheweke nyoba tenang. Sawise ngrampungake mangan, Raka ngeterake Rianti menyang omahe. Raka pengin ketemu karo kulawargane, nanging Rianti ora ngidini. Rianti matur nuwun lan Raka bali. Rasa Rianti nalika semana ora karuwan nanging dheweke krasa nyaman cedhake Raka. HP ne Rianti muni, ana pesen cekak saka Raka. Sejatine, wis 2 dina Raka mesthi ngirim pesen cekak kanggo Rianti. Raka ngajak Rianti mlaku-mlaku ing alun-alun kutha sesuk jam sepuluh. Rianti nampa ajakane Raka kasebut. Dheweke dandan lan ngenteni Raka, nanging Raka suwe tekane nganti Rianti turu. Swarane sepeda motor mandheg ing ngarep omahe Rianti, marahi dheweke tangi. Raka teka, dheweke ora ngapusi karo Rianti. Rianti matur karo wong tuwane lan ngidini dolan karo Raka.
"Sepurane, aku suwe amarga ana urusan."
"Ya ora apa-apa. Pira helm sing kokgawa?"
"Siji, iki tak enggo."
"Napa mung siji? Aku ora nganggo helm?" "Aku kelalen. Ayo melu njupuk helm."
"Ngendi?"
"Ing omahku"
"Hah ??? Nang omahmu?"
Rianti durung nate menyang omahe kanca lanang, lumrah yen dheweke kaget. Kanggo njaga kaslametan, dheweke gelem menyang omahe Raka. Rianti ngenteni ing ngarep omahe Raka. Sejatine omah iku dudu omah e Raka,omahe simbahe Raka. Tegese Raka melu simbahe. Aku ora ngerti neng endi wong tuwane Raka. Raka nggawa helm lan dheweke ngajak menyang alun-alun kutha. Rianti lan Raka mlaku menyang tengah alun-alun lan lungguh ing ngisore wit gedhe dhuwur. Adhem lan kepenak gawe omong-omongan. Raka mulai ngomong karo Rianti.
"Rianti, ana sing pengin dakrembug karo sampeyan."
"Apa, Raka? Napa kok serius?", Jawabe Rianti
"Babagan Aku. Aja kaget lan aja ngguyu." "Ana apa ? Iya wes aku ora bakal ngguyu."
"Aku ora munggah kelas rong taun. Wiwitane aku mlebu SMA 1 Kuningan, setaun ora munggah banjur pindhah menyang SMA 1 Nusantara lan aku ora munggah. Aku biyen njupuk jurusan IPS, saiki aku wis ganti jurusan IPA pranyata ketemu sampeyan." ,Rianti kaget banget lan ora nyana.
"Kepiye ora munggah nganti rong taun?"
"Aku asring ora sekolah amarga ana masalah."
"Masalah? Apa masalahmu kok sampek marahi ora munggah rong taun?"
"Wong tuwa ku pegatan lan aku dadi korban broken home. Aku nyoba ngindhari masalahku kanthi main game online. Game online marahi aku ketagihan lan ngentekno dhuwit akeh." Rianti meneng wae lan mangerti apa sing diomongake Raka. Rianti ngerti yen carane Raka kanggo ngatasi masalah kasebut yaiku cara sing salah.
"Aku pengin sampeyan mbantu aku. Aku pengin bisa lali babagan game online lan miwiti ngrampungake masalahku." ,Rianti manthuk lan dheweke pengin nulungi.
"Ana maneh sing pengin dakkandhakake, wiwit aku ketemu karo sampeyan, aku rumangsa seneng banget sing durung dirasakake sadurunge. Sampeyan beda banget karo wanita liyane. Aku yakin sampeyan wanita sing becik lan bisa nulungi aku. Apa sampeyan gelem dadi pacarku?"
Rianti rumangsa kaya mabur saka akasa dhuwur lan dheweke ora ngira yen bakal kedadeyan kaya ngono. Nanging Rianti isih kelingan tekade.
"Ngapunten, Raka. Aku ora gelem duwe pacar. Aku duwe tekad kanggo mentingno sinau lan ora pacaran. Napa kita bisa mung dadi kanca?"
"Aku butuh sampeyan, Rianti, supaya bisa ngatasi masalahku. Aku ora bisa ngatasi dhewe masalah iki."
"Wenehi aku wektu, Kita mung kenal telung dina, kok ya cepet sampeyan ngomong kaya ngunu."
"Ya, aku bakal ngenteni, nanging kudu saiki."
Raka pancen marahi perasaane Rianti deg- deg an ora karuwan. Rianti ora bisa nolak krungu wangsulane Raka, dheweke banjur mikir apa sing bakal dijawab. Rianti rumangsa nyaman cedhake Raka, Raka pancen becik lan trep karo seng dikarepake Rianti.
"Ya, aku gelem," wangsulane Rianti
"Aku seneng banget, Rianti"
"Raka, agamamu ora padha karo agamaku. Apa ora masalah?"
"Aku ora preduli, Rianti. Nanging sejatine aku kepengin dadi Muslim kaya sampeyan.", Rianti lega krungu wangsulan kasebut.
Sawijining dina kabeh bakal brubah. Raka luwih semangat lan ngrampungake masalah sajrone uripe. Raka ora krasa dhewe maneh. Raka sregep sinau supaya bisa munggah kelas. Raka uga wiwit sinau babagan agama Islam. Yen wis ana kekarepan, kabeh bakal owah.

Komentar
Posting Komentar